Rabu, 29 Juli 2009

TEMBANG JAWA ISLAM, Gusti nyuwun pangapura, wiridku

gusti, kula nyuwun pangapura

gusti allah kula nyuwun ngapura 3x
sakathahing dosa kula
dosa ageng kalawan ing alit
mboten wonten ningkang saged ngapura 3x
kajawi kang maha agung
kangngratoni sakathahing para rasul
hiya iku allah asmane 3x
kang kagungan sifat rohman
sarta ingkang kagungan sefat rahim
astaghfirullahal adziim 3x
astaghfirullohal adziim
innalloha ghofurur rohiim


video


wirid-ku

astaghfirullah rabbal barooya astaghfirullah minal khotoya

urip aneng ndonya ora salamine
den paribasakna amung mampir ngombe
mula aja lali salat den tindakna
dzikir tahlil wirid nambahi sampurna

quran iku mono kalame ilahi
yen kawaos bisa dadi tamba ati
tebih saking rasa serik srei drengki
pinaringan tentrem allohumma amin

astaghfirullah rabbal barooya astaghfirullah minal khotoya


video

isma' ayuhal ikhwan

isma'ayuhal ikhwan
panjeriting ati
jaman sansaya edan
jahiliyah modern
atur kula puniki
minangka jampi
solawatan syingiran prasaja
nggayuh ridho Ilahi



video

Santri MatKoLamNgo

bat tobat tobat
janji bedhug mesdjid kulon omahku tinabuh talu
janji iku nuga rasa anye tansah nggrumuti atiku
kenangapa sembahyang wae ndadak bebarengan
yen ta bubar salam glethak banjur klepat lungan
pindha patrape dursasana nalikane ngadhep begawan wiyasa
hemmm....
aku ora maelu, gusti
aku ora maido, gusti
menawa latar suci iki kagunga-Mu
nanging rasa kuwi mau kabeh tansah nggrumuti atiku




video


eling

eling-eling sira menungsa
temenana anggonmu solat ngaji
mumpung durung katekanan
malaikat juru pati

luwih lara luwih susah
rasane wong ana neraka
klabang kures kalajengking
gada geni rante geni

luwih mulya luwih mukti
rasane wong ana suwarga
pitungpuluh loro widodari
kasur babud permadani


video

eman

emaneman temen wong bagus ora sembahyang
kowe bagus endi karo kanjeng Nabi Yusuf
kanjeng Nabi Yusuf baguse tanpa tandingan

emaneman temen wong ayu ora sembahyang
apa ora isin karo siti Zulaikha
ayu lengulengan ora nate lali sembahyang

emaneman temen wong sugih ora sembahyang
kowe sugih endi karo Nabi Sulaiman
Nabi Sulaiman sugihe tanpa wilangan

emaneman temen wong pinter ora sembahyang
kabeh tumindake ora nate gelem bener
janji dielingake alesane mubeng munyer

1 komentar:

  1. Wulangan kang becik banget pak, jaman saiki pancen okeh sing wis podo keblusuk ing jaman jahiliyah modern. Jarene mundak ketinggalan zaman....
    Jebul... malah do kedanan donya.
    Astaghfirullahal adziim.

    BalasHapus