Rabu, 02 November 2011

Pelintangan Jawa adhedhasar Mangsa Kelairan

Wataking menungsa kagawa saka petungan mangsa

  1. Mangsa Kasa

Gathekan, titi, seneng golekgolek, andhapasor, kurmat marang sapadha-padha, mboten remen kasar, raos rasanipun lebet.

  1. Mangsa Karo

Teduh sentosa jiwa raganipun, pinter, disiplin, budi kakertinipun luhur, remen nyambutdamel, mboten seneng muthek wonten griyo.

  1. Mangsa Katelu

Lumuh nganggur, ngrampungaken pedamelan kanthi trep lan sae, mboten aleman, meneng, ngatiati, tresnaasih, jujur, disiplin, sumanak, suthik ngapusi

.

  1. Mangsa Kapat

Pinter, jujur, lan adil. Ora seneng emban cindhe emban siladan, sumnanak, seneng paseduluran, paran ptakon kanca lan sanak kadang merga bisa menehi pitutur. Uripe manteb, meneng, lan teguh panemune. Seneng kaendahan alam lan senibudhaya. Seneng tetulung marang wong kang kasusahan, bisa mesem bungah bareng karo sing antuk pitulungane.

  1. Mangsa Kalima

Meneng anteng percaya marang pribadhine. Wibawane gedhe pinter nyimpen wadi, ora seneng rame-rame samudana kembang lambe.

emoh sambat liyan, kabeh masalah lan pepalamh diadhepi kanthi ora nggresah lan sambat, semangate gedhe, seneng ingoningon, angpl dingerteni jero atine, seneng ngeyel, srawunge kaku dadi ora akeh kancane. Sing wis ngerti atenatenane bakal kekancan kanthi raket.

  1. Mangsa Kanem

Srawunge moncer akeh kancani lan wasis mimpin kanca-kancane. Wonge jujur optimis lan simpatik..ditresnani lan lan kerep ditulune dening liyan. Semboyane urip “ wong sing wani urip kudu wani rekadaya “ Gething dorong, semu, lan palsu. Saya tuwa saya sembada, akeh kang suyud marang dheweke. Kalakala nandhang keruwetan, kesusahan lan kasengsaraan. Nanging kabeh tinampa kanthi ati kang anteng lan akhire bisa ditanggulangi sakabaehane.

  1. Mangsa Kapitu

Sregep ing gawe, manteb lan jujur. Nduwe kawibawan lan dieringi dening kancakancane. Janji nyambut gawe tansah duwe pepengin asil kang becik ora nguciwani. Budi pekertine kena ditohake. Ora seneng ngapusi, cidra lan duraka.

Bisa mandhegane papan pagawean, organisasi ana kampong lan uga organisasi profesine. Seneng nggatekake alam lan lingkunganne. Wonge optimis , wicaksana, seneng ngadani gagrak anyar. Ing kaluwarga nrima ing pandum. Tresna lan bekti marang wongtuwa, ngrewangi kangelane wong tuwa, rekadaya nggawe mareming ati wong tuwa. Uripe sarwa prasaja.

Seneng nontong kegiatan olahraga lan seni tinimbang nindakake dhewe. Yen nduwe masalah ora seneng ngandharake marang liyan, kepara meneng lan ndhewe.

  1. Gotrah kang kalebu Mangsa Kawolu

Bisa ajurajer ing kabeh lapisaning bebrayan ing tengahing masyarakat. Bisa srawung karo panggedhe , golongan tengahan, lan golongan rakyat cilik utawa wong cilik. Wong lair mangsa iki akeh kang dadi pemimpin lan pangarsaning praja, orgaanaisasi, lembaga lan paguyuban apa wae. Ora ambisi dadi pengarep nanging pinilih dening kanca-kancane. Seneng paanggaotan kang tumuju marang kabesikan, nyata, lan migunani tumraping rakyat. Watake dhisiplin, akeh pangreteni, tur tresna marang sapadha-padha. Budi alus nanging kebranang yen ngalami samubarang sing ora pas, ora bener, oara adil, lan sapanunggalane. Kadhang kala kebat klewat lan kebacuten, gampang nesu nanging apike uga gampang lilih nesune.

  1. Gotrah Mangsa Kasanga.

Anteng, mrabawani, seneng tetulung. Seneng ngudi marang kabecikan lan kang bener mungguhing sara (agama) lan wewaler bebrayan. Uripe ngadhepi pacoban wiwit cilid, dhewa nganti teka tuwane, nanging kabeh bisa diadhepi lan malah dadi pengalam kanggo ngdhepi bebrayan. Rasa lan pangangenangene ngedabedabi. Kaya-kaya uripe ana ing alam loro, alam kasunyatan lan alam khayal. Kerep tumindak kang nyata kayata aweh pitutur marang kang lagi pada congkrah. Nanging dheweki uga seneng tafakur, I’tikaf, semedi kanggo nglandhepake panggraitane. Salah-salah yen ora cedhak karo wong alim bisa ndadekake kebablasan metu saka wewaler nggugu karo karepe dhewe.

  1. Mangsa Kadhasa

Teguh lan santosa ing budi, mandhiri, disiplin lank eras sarta tegas kaya jiwane militer.

Gathekan lan cepet ngudhari lan ngrampungi karuwetan klebut ruwetrentenging donya bebrayan. Seneng sesrawungn, lan srawunge jembar karo sapa wae ora mbedak-bedakake. Gedhe tanggung jawabe marang keluarga. Awake seger waras lan arang lara. Upama kena lara ya mung lara kang entheng-enthengan wae, biasane jalaran kekeselen olehe nyambut gawe lan kegiyatan kang ora gelem leren. Kawruh lan pengalamane jembar, seneng sinau lan maca apa wae.. ambisine dadi pemimpin pakumpulan apa wae sing dieloni. Semono uga ing pagaweyan pepinginane dadi pemimpin katon banget. Emoh kalang lan seneng mrentah, angel kandhan-kandhanane. Sing dieringi mung wong tuwa lan sing sugih prestasi lan pengalamane. Madhep mantaep taat marang wongatuwane, nanging senengane grusa grusu. Mantep lila lan narima ing pandum sarta taqwa lan sumaranh marang Gusti Allah.

  1. Gotrah mansa Dhestha.

Sregep, lan tlaten anggone nyambutgawe. Sugih eguh lan pratikel kang bisa mecahake kegiatan lan panggawean tumuju marang kabecikanne. Katone klelar kleler ora ndayani nanging sejatine dheweke duwe pedhoman alon-alon waton kalkon grematgremet asal slamet. Mula saka iku dheweke banget ditresnani dening kanca-lan kancane

  1. Warga gotrah Mangsa Sadda,

Pantes lan cocok ngadi sarira lan ngadibusana apa wae. Tansah ngresepake lan patut wae sinawang liyan. Gotrah mangsa sadda iki moncer sesrawungane, tur bisa empan papan, kanca-kancane akeh. Lan padha seneng rapet sambung karo dheweke. Kerep dijaluki tulung karo liyan kang padha nduweni masalah warna-warna. Dhasare wong Saddha pancep lantip pikire, jembar wawasane. Gotrah saddha tansah sumadya aweh pambiyantu. Gotrah Saddha wewatekane sarwa kembar ceples karopasangane. Pikirane lantip pinter lan unggul rasa lan emosine landhep lan nguwasani bagan ngelmu lahir uga ngelmu bathin lan siprituale, gampang percaya nanging uga gampang epet nampa piwulang. Seneng takon kanthi ndhedhes lan jlimet ing bab wigati. Bisa sinau dhewe kanthi maca-maca buku lan ora kangelan. Diskusi kelompok, debat, paling disenengi. Pengalam liyan bisa dimangerteni kanthi cepet lan bener, kadhang kala malah dadi papan sarujukan. Lumuh nganggur lan seneng thak-thik ing saben apa wae. Seneng tetulung senadyan paribasan nganti entek saranane. Kabeh kekurangan kalindhih marga babat takwane marang Gusti. Prinsip uripe “ Mobah – Molah – mamah, kudu ngenut kersaning Allah “ iki dadi gegebengane urip gotrah Sadda.

Kamis, 27 Oktober 2011

MACAPAT lan SERBA-SERBI

CONTOH TEMBANG MACAPAT

Dhandhanggula (10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a)

Nanging lamun anggeguru kaki

Amiliha manungsa kang nyata

Inkang becik martabate

Sarta kang wruh ing kukum

Kang ngibadah lan kang wirangi

Sokur oleh wong tapa

Ingkang wus amungkul

Tan mikir pawehing liyan

Iku pantes sira guronono kaki

Sartane kawruhana

Mijil (10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-i, 6-u)

Poma kaki padha dipun eling

Ing pitutur ingong

Sira uga satriya arane

Kudu anteng jatmika ing budi

Ruruh sarwa wasis

Samubarangipun

Kinanthi (8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i)

Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira

Cegah dhahar lawan guling

Wulangreh

PB IV

1788-1820

Gambuh ( 7-u, 10-a, 12-i, 8-i, 8-o)

Wong amarsudi kawruh

Tetirona ing reh kang rahayu

Aja kesed sungkanan sabarang kardi

Sakadhare angengimpun

Nimpeni kagunganing wong


Asmarandana ( 8-i, 8-a, 8-e/o, 8a, 7-a, 8-u, 8-a)

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Among ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angelangel kelangkung

Tan kena tinimbak arta

Pangkur ( 8-a, 11-i, 8-u, 7-a, 12-u, 8-a, 8-i )

Singgah singgah kala singgah

Pan suminggah durgakala sumingkir

Singa ama sing awulu

Sing asuku asirah

Sing atenggak klawan sira sing abuntut

Padha sira suminggaha

Baliya mring asal reki



Namining dinten pasaran

Paing - jenar - Neptune 9

Pon - Palguna - 7

Wage - Cemengan - 4

Kliwon - Kasih

Legi - Manis

Namining Dinten :

Akad - Radite - Neptune 5

Senen - Soma - Neptune 4

Selasa - Anggara - Neptune 3

Rebo - Nuda - Neptune 7

Kemis - Respati - Neptune 8

Jumat - Sukra - Neptune 6

Saptu - Tumpak - Neptune 9

Tuladha :

Senen kliwon : soma kasih

Selasa legi - anggara manis

Neptune dina gegandhengan kaliyan wateking tiyang :

Namining Taun Jawi

  1. Alip
  2. Ehe
  3. Jimawal
  4. Dal
  5. Be
  6. Wawu
  7. Jimakir

Namining Wulan Jawi

  1. Suro
  2. Sapar
  3. Mulud
  4. Bakda mulud
  5. Jumadilawal
  6. Jumadilakhir
  7. Rejeb
  8. Ruuwah
  9. Pasa
  10. Sela utawi longkang/apit/dulkangidah


Mangsa lan wewatekanipun :

  1. Mangsa Kasiji = 23 Juni – 2 Agustus , cacahe 41 dina

Sotya morca saking embanan

Godhong padha gogrog, hawa benter, mangsa ketiga

  1. Mangsa Karo = 26 Agustus – 25 Agustus, cacahe 23 dinten

Bantala Rengka

Lemah nela, sabin lan tegal garing, kirang banyu

  1. Mangsa Katelu = 26 Agustus – 18 September, cacah 24 dinten

Suta manut ing bapa

Tela, wi, mbili lsp. Padha mrambat, hawa panas, angin saka lor mengidul mandanda-manda

  1. Mangsa Kapat = 19 September – 13 Oktober

Waspa kumembeng jroning kalbu

Toya tuk utawi sumber wonten jroning siti dereng medal

Para Tani panen palawija, manuk manyar pada nyusuh, hawane panas angin sumribit saka lor mangidul.

  1. Mangsa Kalima = 14 Oktober – 9 Nopember

Pancuran emas sumawur ing jagad

Jawah, awan lan wengi, kadang deres nganti dadi banjir bandhang, Hawa seger, angin kadhangkala banter campur jawah dadi bencana.

6. Mangsa Kanem = 10 Nopember – 22 Desemberi , 43 dinten

Rasa mulyo kasucian

Usum who-wohan, mangsa rendheng. Angin tumiup saking kulon mangetan binareng suarane bledhek ngampar-ampar. Hawa asrep lajeng njekut, sawanciwanci tumurun jawah.

  1. 7. Mangsa Kapitu = 23 Desember – 3 Pebruari, 43 dinten

Wisa kentir ing maruta

Wisa, bibit penyakit gegatel sumebar kegawa angin, ndadosake kathah sesakit. Hawa adhem, kabeh padha teles, manuk padha bingung goleh papan pangejuban.

8.Mangsa Kawolu = 4 Pebruari – 1 Maret

Anjrah jroning kayun

Kucing gandhik segawon gancet

Tasih jawah lan angin, wengi rasane njekt (adem banget)

Pantun ijo royo-royo, ndalu konang pating kerlip.

9. Mangsa Kasanga = 2 Maret – 26 Maret , 25 dinten

Wedharing wacana mulya

Jangkrik ngerik, gangsir ngenthit, garengpung ngereng. Sawatawis usum who-wohan. Ndhungkap ansa mareng. Kala-kala tasih jawah. Awan saha ndalu taksih asrep.

Angin tumiyup saking iring kidul.

  1. 10. Mangsa Kasadasa = 27 Maret – 19 April , cacah 24 dinten

Gedhong mineb jroning kalbu

Kewan-kewan lan rajakaya padha meteng.

Angin tumiyen saking kidul wetan sumiyet gogrokaken ronronan

Wayah panen panting sakenggen ketingal warna jenar..

  1. 11. Mangsa Dhesta = 20 April – 12 Mei

Sotya sinarawedi.

Peksi sami ngloloh piyekipun. Angin tumiyub saking kidul mengaler. Kejawi panting who-wohan ugi kathah ingkang panenan.Sgra rob. Mangsa ketiga12.

12. Mangsa Sadda = 13 Mei – 22 Juni

Tirta sah saking sasana

Toya pisah saking panggenanipun, nedheng mangsa katiga. Angin sumilir manda-manda, ing wanci siyang benter sanget, wanci dalu asrep sanget.. segara anteng kathah ulam ingkang medal wayah panen ulam tumraping para nelayan.

Rabu, 23 Februari 2011

PERKUSI REBANA JAWA DAN CARA MEMAINKANNYA

Nama-nama alat rebana :
1. Genjring , rebana yang berdiameter kurang lebih 30 cm, dengan dilengkapi logam bundar disampingnya sebanyak 3 stel, terbuat dari logam tipis sehingga kalau dipukul akan mengeluarkan bunyi jring berbarengan dengan suara getar kulit rebana itu sendiri. Genjring rebana ini biasanya berjumlah 4 (empat) buah dan setiap buahnya dimainkan oleh satu orang, dan masing-masing rebana berlainan irama atau bunyi pukulannya.

2. Gendhong, rebana besar yang berfungsi layaknya suara bas dalam musik nasional, jumlahnya ada 3 (tiga) macam dengan ukuran yang berbeda. Paling besar dengan ukuran diameter 90 cm dinamakan Gendhong Gedhe, kemudian yang berdiameter 75 cm dinamakan Gendhong Tengah, dan yang paling kecil dengan diameter 65 cam disebut Gendhong Cilik Karena ukurannya yang cukup besar sehingga sulit untuk dipegang tangan, biasanya rebana gendhong ini digantung dan dibunyikan dengan cara dipukul dengan memakai alat pemukul dari karet/busa. Pemain yang memainkan rebana gendhong ini cukup dimainkan 1 (satu) orang dan memainkan 3 (tiga) rebana gendhong sekaligus.

3. Kenthang-kenthung, sepasang rebana kecil dengan bentuk seperti ketipung yang satu lebih kecil dibanding pasangannya, dimainkan oleh 1 (satu) orang pemain, dengan cara dipukul memakai tangan atau memakai alat dan diusahakan suara yang dihasilkan berbunyi thang dan thung.

4. Ketiplak, rebana ketiplak cukup 1 (satu) buah bentuknya menyerupai ketipung agak besar, dimainkan oleh seorang pemain dengan cara dipukul memakai telapak tangan.

5. Tamborin atau icik-icik, alat yang satu ini sekarang cenderung mudah didapat ditoko-yoko alat musik, terbuat dari plastik dengan bentuk yang bervariasi. Tamborin cukup satu buah saja dan dimainkan oleh seorang penabuh.

Sebuah kelompok pemain perkusi rebana biasanya terdiri dari 8 (delapan) pemain dan ditambah vokal minimal 1 (satu) orang sebagai vokal utama sokur bisa lebih dari delapan sebagai backing vokal.
Perlu diketahui dan ini sangat penting untuk setiap kelompok yang akan belajar perkusi rebana, bahwa para pemain rebana harus bisa dan hafal setiap lagu atau nyanyian yang dibawakannya, di samping tentunya lebih bagus apabila ada penyanyi / vokal yang terlatih tersendiri. jumlah vokal semakin banyak semakin baik dengan mengandalkan posisi backing vokal dan 1 - 3 vokalis terbaik sebagai vokal utama.
notasi perkusi rebana sangat sederhana, bisa dibuat sendiri oleh si pembuat arransement lagu. biasanya untuk notasi pukulan memakai lambang huruf, misalnya :
DH : mewakili suara dheng (gendhong besar)
D : mewakili suara dhung (gendhong tengah)
T : mewakili suara thung (gendhong kecil)
t : mewakili suara tak pada genjring
d : mewakili suara dung pada genjring
th : mewakili suara thak pada kenthang
tu : mewakili suara thung pada kenthung
R : mewakili suara cirr pada tamborin

selamat untuk mencoba beraktifitas dan berkreasi dalam musik perkusi rebana