gusti allah kula nyuwun ngapura 3x
sakathahing dosa kula
dosa ageng kalawan ing alit
mboten wonten ningkang saged ngapura 3x
kajawi kang maha agung
kangngratoni sakathahing para rasul
hiya iku allah asmane 3x
kang kagungan sifat rohman
sarta ingkang kagungan sefat rahim
astaghfirullahal adziim 3x
astaghfirullohal adziim
innalloha ghofurur rohiim
wirid-ku
astaghfirullah rabbal barooya astaghfirullah minal khotoya
urip aneng ndonya ora salamine
den paribasakna amung mampir ngombe
mula aja lali salat den tindakna
dzikir tahlil wirid nambahi sampurna
quran iku mono kalame ilahi
yen kawaos bisa dadi tamba ati
tebih saking rasa serik srei drengki
pinaringan tentrem allohumma amin
astaghfirullah rabbal barooya astaghfirullah minal khotoya
isma' ayuhal ikhwan
isma'ayuhal ikhwan
panjeriting ati
jaman sansaya edan
jahiliyah modern
atur kula puniki
minangka jampi
solawatan syingiran prasaja
nggayuh ridho Ilahi
Santri MatKoLamNgo
bat tobat tobat
janji bedhug mesdjid kulon omahku tinabuh talu
janji iku nuga rasa anye tansah nggrumuti atiku
kenangapa sembahyang wae ndadak bebarengan
yen ta bubar salam glethak banjur klepat lungan
pindha patrape dursasana nalikane ngadhep begawan wiyasa
hemmm....
aku ora maelu, gusti
aku ora maido, gusti
menawa latar suci iki kagunga-Mu
nanging rasa kuwi mau kabeh tansah nggrumuti atiku
eling
eling-eling sira menungsa
temenana anggonmu solat ngaji
mumpung durung katekanan
malaikat juru pati
luwih lara luwih susah
rasane wong ana neraka
klabang kures kalajengking
gada geni rante geni
luwih mulya luwih mukti
rasane wong ana suwarga
pitungpuluh loro widodari
kasur babud permadani
eman
emaneman temen wong bagus ora sembahyang
kowe bagus endi karo kanjeng Nabi Yusuf
kanjeng Nabi Yusuf baguse tanpa tandingan
emaneman temen wong ayu ora sembahyang
apa ora isin karo siti Zulaikha
ayu lengulengan ora nate lali sembahyang
emaneman temen wong sugih ora sembahyang
kowe sugih endi karo Nabi Sulaiman
Nabi Sulaiman sugihe tanpa wilangan
emaneman temen wong pinter ora sembahyang
kabeh tumindake ora nate gelem bener
janji dielingake alesane mubeng munyer
Wulangan kang becik banget pak, jaman saiki pancen okeh sing wis podo keblusuk ing jaman jahiliyah modern. Jarene mundak ketinggalan zaman....
BalasHapusJebul... malah do kedanan donya.
Astaghfirullahal adziim.