Rabu, 02 November 2011

Pelintangan Jawa adhedhasar Mangsa Kelairan

Wataking menungsa kagawa saka petungan mangsa

  1. Mangsa Kasa

Gathekan, titi, seneng golekgolek, andhapasor, kurmat marang sapadha-padha, mboten remen kasar, raos rasanipun lebet.

  1. Mangsa Karo

Teduh sentosa jiwa raganipun, pinter, disiplin, budi kakertinipun luhur, remen nyambutdamel, mboten seneng muthek wonten griyo.

  1. Mangsa Katelu

Lumuh nganggur, ngrampungaken pedamelan kanthi trep lan sae, mboten aleman, meneng, ngatiati, tresnaasih, jujur, disiplin, sumanak, suthik ngapusi

.

  1. Mangsa Kapat

Pinter, jujur, lan adil. Ora seneng emban cindhe emban siladan, sumnanak, seneng paseduluran, paran ptakon kanca lan sanak kadang merga bisa menehi pitutur. Uripe manteb, meneng, lan teguh panemune. Seneng kaendahan alam lan senibudhaya. Seneng tetulung marang wong kang kasusahan, bisa mesem bungah bareng karo sing antuk pitulungane.

  1. Mangsa Kalima

Meneng anteng percaya marang pribadhine. Wibawane gedhe pinter nyimpen wadi, ora seneng rame-rame samudana kembang lambe.

emoh sambat liyan, kabeh masalah lan pepalamh diadhepi kanthi ora nggresah lan sambat, semangate gedhe, seneng ingoningon, angpl dingerteni jero atine, seneng ngeyel, srawunge kaku dadi ora akeh kancane. Sing wis ngerti atenatenane bakal kekancan kanthi raket.

  1. Mangsa Kanem

Srawunge moncer akeh kancani lan wasis mimpin kanca-kancane. Wonge jujur optimis lan simpatik..ditresnani lan lan kerep ditulune dening liyan. Semboyane urip “ wong sing wani urip kudu wani rekadaya “ Gething dorong, semu, lan palsu. Saya tuwa saya sembada, akeh kang suyud marang dheweke. Kalakala nandhang keruwetan, kesusahan lan kasengsaraan. Nanging kabeh tinampa kanthi ati kang anteng lan akhire bisa ditanggulangi sakabaehane.

  1. Mangsa Kapitu

Sregep ing gawe, manteb lan jujur. Nduwe kawibawan lan dieringi dening kancakancane. Janji nyambut gawe tansah duwe pepengin asil kang becik ora nguciwani. Budi pekertine kena ditohake. Ora seneng ngapusi, cidra lan duraka.

Bisa mandhegane papan pagawean, organisasi ana kampong lan uga organisasi profesine. Seneng nggatekake alam lan lingkunganne. Wonge optimis , wicaksana, seneng ngadani gagrak anyar. Ing kaluwarga nrima ing pandum. Tresna lan bekti marang wongtuwa, ngrewangi kangelane wong tuwa, rekadaya nggawe mareming ati wong tuwa. Uripe sarwa prasaja.

Seneng nontong kegiatan olahraga lan seni tinimbang nindakake dhewe. Yen nduwe masalah ora seneng ngandharake marang liyan, kepara meneng lan ndhewe.

  1. Gotrah kang kalebu Mangsa Kawolu

Bisa ajurajer ing kabeh lapisaning bebrayan ing tengahing masyarakat. Bisa srawung karo panggedhe , golongan tengahan, lan golongan rakyat cilik utawa wong cilik. Wong lair mangsa iki akeh kang dadi pemimpin lan pangarsaning praja, orgaanaisasi, lembaga lan paguyuban apa wae. Ora ambisi dadi pengarep nanging pinilih dening kanca-kancane. Seneng paanggaotan kang tumuju marang kabesikan, nyata, lan migunani tumraping rakyat. Watake dhisiplin, akeh pangreteni, tur tresna marang sapadha-padha. Budi alus nanging kebranang yen ngalami samubarang sing ora pas, ora bener, oara adil, lan sapanunggalane. Kadhang kala kebat klewat lan kebacuten, gampang nesu nanging apike uga gampang lilih nesune.

  1. Gotrah Mangsa Kasanga.

Anteng, mrabawani, seneng tetulung. Seneng ngudi marang kabecikan lan kang bener mungguhing sara (agama) lan wewaler bebrayan. Uripe ngadhepi pacoban wiwit cilid, dhewa nganti teka tuwane, nanging kabeh bisa diadhepi lan malah dadi pengalam kanggo ngdhepi bebrayan. Rasa lan pangangenangene ngedabedabi. Kaya-kaya uripe ana ing alam loro, alam kasunyatan lan alam khayal. Kerep tumindak kang nyata kayata aweh pitutur marang kang lagi pada congkrah. Nanging dheweki uga seneng tafakur, I’tikaf, semedi kanggo nglandhepake panggraitane. Salah-salah yen ora cedhak karo wong alim bisa ndadekake kebablasan metu saka wewaler nggugu karo karepe dhewe.

  1. Mangsa Kadhasa

Teguh lan santosa ing budi, mandhiri, disiplin lank eras sarta tegas kaya jiwane militer.

Gathekan lan cepet ngudhari lan ngrampungi karuwetan klebut ruwetrentenging donya bebrayan. Seneng sesrawungn, lan srawunge jembar karo sapa wae ora mbedak-bedakake. Gedhe tanggung jawabe marang keluarga. Awake seger waras lan arang lara. Upama kena lara ya mung lara kang entheng-enthengan wae, biasane jalaran kekeselen olehe nyambut gawe lan kegiyatan kang ora gelem leren. Kawruh lan pengalamane jembar, seneng sinau lan maca apa wae.. ambisine dadi pemimpin pakumpulan apa wae sing dieloni. Semono uga ing pagaweyan pepinginane dadi pemimpin katon banget. Emoh kalang lan seneng mrentah, angel kandhan-kandhanane. Sing dieringi mung wong tuwa lan sing sugih prestasi lan pengalamane. Madhep mantaep taat marang wongatuwane, nanging senengane grusa grusu. Mantep lila lan narima ing pandum sarta taqwa lan sumaranh marang Gusti Allah.

  1. Gotrah mansa Dhestha.

Sregep, lan tlaten anggone nyambutgawe. Sugih eguh lan pratikel kang bisa mecahake kegiatan lan panggawean tumuju marang kabecikanne. Katone klelar kleler ora ndayani nanging sejatine dheweke duwe pedhoman alon-alon waton kalkon grematgremet asal slamet. Mula saka iku dheweke banget ditresnani dening kanca-lan kancane

  1. Warga gotrah Mangsa Sadda,

Pantes lan cocok ngadi sarira lan ngadibusana apa wae. Tansah ngresepake lan patut wae sinawang liyan. Gotrah mangsa sadda iki moncer sesrawungane, tur bisa empan papan, kanca-kancane akeh. Lan padha seneng rapet sambung karo dheweke. Kerep dijaluki tulung karo liyan kang padha nduweni masalah warna-warna. Dhasare wong Saddha pancep lantip pikire, jembar wawasane. Gotrah saddha tansah sumadya aweh pambiyantu. Gotrah Saddha wewatekane sarwa kembar ceples karopasangane. Pikirane lantip pinter lan unggul rasa lan emosine landhep lan nguwasani bagan ngelmu lahir uga ngelmu bathin lan siprituale, gampang percaya nanging uga gampang epet nampa piwulang. Seneng takon kanthi ndhedhes lan jlimet ing bab wigati. Bisa sinau dhewe kanthi maca-maca buku lan ora kangelan. Diskusi kelompok, debat, paling disenengi. Pengalam liyan bisa dimangerteni kanthi cepet lan bener, kadhang kala malah dadi papan sarujukan. Lumuh nganggur lan seneng thak-thik ing saben apa wae. Seneng tetulung senadyan paribasan nganti entek saranane. Kabeh kekurangan kalindhih marga babat takwane marang Gusti. Prinsip uripe “ Mobah – Molah – mamah, kudu ngenut kersaning Allah “ iki dadi gegebengane urip gotrah Sadda.