Santri Matko Lamngo
bat tobat tobat
janji bedhug mesjid kulon omahku tinabuh talu
jajnji iku uga rasa anyel tansah nggrumuti atiku
kenangapa sembahyang wae ndadak bebarengan
yen ta bubar salam glethak banjur klepat lunga
pindha patrape dur sasana nalikane ngadhep begawan wiyasa
hemmmm ............................
aku ora maido, gusti
aku ora maelu, gusti
menawan latar iki papan suci kgunga-Mu
nanging kenangama rasa kuwi mau tansah nggrumuti atiku
....................................
sragen, juni 1983
Gusti, nyuwun palilahMu
gusti mugya kalilani
ing ratri puniki
kawula saresmi
ngalab berkahe Hyang Widhi
ngantos mbenjang kaki nini
sragen, 230808 tabuh tengah wengi
Gusti, nyuwun pangaksami
gusti nyuwun pangaksami
ing ratri puniki
dinten ingkang suci
linebur dosa wakmami
pulih kadya wingi uni
malem riyadi tahun 08
Alzilzal tumrap pangertenku
sragen, isramikraj 1980
gonjang-ganjing
nalika jagad iki gonjang ganjing
nalika jagad iki nuntakake apa kang ana wadhuke
nalika janma kabeh padha takontinakon apa kang dadi musababe
mangertia ! gusti wus paring parentah marang jagad
manungsa geger kaya gabah diinteri lan bakal diweruhi apa amalane
sapa duweni amal kabecikan sing gedhene mung sawiji sawi bakal ngundhuh
semono uga amal kaluputan sing gedhene mung sawiji sawi uga bakal ngundhuh
minangka narasi drama siti masithoh, ana latare masjid ITTICHAD
israk mikraj tahun 1980
Senin, 03 Agustus 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar