Selasa, 23 Juni 2009

santri matkolamngo ( gegurit )

bat..tobat...tobat
janji bedhug mejid kulon omahku tinabuh talu
janji iku ugo rasa anyel tansah nggrumuti atiku
kena ngapa sembahyang wae ndadak bebarengan
yen ta bubar salam glethak banjur klepat lunga
pindha patrape dursasana nalika ngadep begawan wiyasa

hemmmmm.....
aku ora maido
aku ora maelu, gusti
menawa altar suci iki kagunganMu
nanging rasa kuwi mau tansah nggrumuti atiku
muga Panjenengan ora duka marang kawulaMu

( Gegurit ini pernah dibaca di layar TVRI Yogyakarta thn 1982 )

3 komentar: