Dhandhanggula (10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a)
Nanging lamun anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Inkang becik martabate
Sarta kang wruh ing kukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira guronono kaki
Sartane kawruhana
Mijil (10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-i, 6-u)
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
Kinanthi (8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i)
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Cegah dhahar lawan guling
Wulangreh
PB IV
1788-1820
Gambuh ( 7-u, 10-a, 12-i, 8-i, 8-o)
Wong amarsudi kawruh
Tetirona ing reh kang rahayu
Aja kesed sungkanan sabarang kardi
Sakadhare angengimpun
Nimpeni kagunganing wong
Asmarandana ( 8-i, 8-a, 8-e/o, 8a, 7-a, 8-u, 8-a)
Pratikele wong akrami
Dudu brana dudu warna
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angelangel kelangkung
Tan kena tinimbak arta
Pangkur ( 8-a, 11-i, 8-u, 7-a, 12-u, 8-a, 8-i )
Singgah singgah kala singgah
Pan suminggah durgakala sumingkir
Singa ama sing awulu
Sing asuku asirah
Sing atenggak klawan sira sing abuntut
Padha sira suminggaha
Baliya mring asal reki
Namining dinten pasaran
Paing - jenar - Neptune 9
Pon - Palguna - 7
Wage - Cemengan - 4
Kliwon - Kasih
Legi - Manis
Namining Dinten :
Akad - Radite - Neptune 5
Senen - Soma - Neptune 4
Selasa - Anggara - Neptune 3
Rebo - Nuda - Neptune 7
Kemis - Respati - Neptune 8
Jumat - Sukra - Neptune 6
Saptu - Tumpak - Neptune 9
Tuladha :
Senen kliwon : soma kasih
Selasa legi - anggara manis
Neptune dina gegandhengan kaliyan wateking tiyang :
Namining Taun Jawi
- Alip
- Ehe
- Jimawal
- Dal
- Be
- Wawu
- Jimakir
Namining Wulan Jawi
- Suro
- Sapar
- Mulud
- Bakda mulud
- Jumadilawal
- Jumadilakhir
- Rejeb
- Ruuwah
- Pasa
- Sela utawi longkang/apit/dulkangidah
Mangsa lan wewatekanipun :
- Mangsa Kasiji = 23 Juni – 2 Agustus , cacahe 41 dina
Sotya morca saking embanan
Godhong padha gogrog, hawa benter, mangsa ketiga
- Mangsa Karo = 26 Agustus – 25 Agustus, cacahe 23 dinten
Bantala Rengka
Lemah nela, sabin lan tegal garing, kirang banyu
- Mangsa Katelu = 26 Agustus – 18 September, cacah 24 dinten
Suta manut ing bapa
Tela, wi, mbili lsp. Padha mrambat, hawa panas, angin saka lor mengidul mandanda-manda
- Mangsa Kapat = 19 September – 13 Oktober
Waspa kumembeng jroning kalbu
Toya tuk utawi sumber wonten jroning siti dereng medal
Para Tani panen palawija, manuk manyar pada nyusuh, hawane panas angin sumribit saka lor mangidul.
- Mangsa Kalima = 14 Oktober – 9 Nopember
Pancuran emas sumawur ing jagad
Jawah, awan lan wengi, kadang deres nganti dadi banjir bandhang, Hawa seger, angin kadhangkala banter campur jawah dadi bencana.
Rasa mulyo kasucian
Usum who-wohan, mangsa rendheng. Angin tumiup saking kulon mangetan binareng suarane bledhek ngampar-ampar. Hawa asrep lajeng njekut, sawanciwanci tumurun jawah.
- 7. Mangsa Kapitu = 23 Desember – 3 Pebruari, 43 dinten
Wisa kentir ing maruta
Wisa, bibit penyakit gegatel sumebar kegawa angin, ndadosake kathah sesakit. Hawa adhem, kabeh padha teles, manuk padha bingung goleh papan pangejuban.
8.Mangsa Kawolu = 4 Pebruari – 1 MaretAnjrah jroning kayun
Kucing gandhik segawon gancet
Tasih jawah lan angin, wengi rasane njekt (adem banget)
Pantun ijo royo-royo, ndalu konang pating kerlip.
9. Mangsa Kasanga = 2 Maret – 26 Maret , 25 dintenWedharing wacana mulya
Jangkrik ngerik, gangsir ngenthit, garengpung ngereng. Sawatawis usum who-wohan. Ndhungkap ansa mareng. Kala-kala tasih jawah. Awan saha ndalu taksih asrep.
Angin tumiyup saking iring kidul.
- 10. Mangsa Kasadasa = 27 Maret – 19 April , cacah 24 dinten
Gedhong mineb jroning kalbu
Kewan-kewan lan rajakaya padha meteng.
Angin tumiyen saking kidul wetan sumiyet gogrokaken ronronan
Wayah panen panting sakenggen ketingal warna jenar..
- 11. Mangsa Dhesta = 20 April – 12 Mei
Sotya sinarawedi.
Peksi sami ngloloh piyekipun. Angin tumiyub saking kidul mengaler. Kejawi panting who-wohan ugi kathah ingkang panenan.Sgra rob. Mangsa ketiga12.
Tirta sah saking sasana
Toya pisah saking panggenanipun, nedheng mangsa katiga. Angin sumilir manda-manda, ing wanci siyang benter sanget, wanci dalu asrep sanget.. segara anteng kathah ulam ingkang medal wayah panen ulam tumraping para nelayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar